Basa Hachijo

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Hachijo
Dituturaké ing Jepang
Wilayah Kapuloan Izu iring kidul
Gunggung panutur Ora dingertèni; kang ndunungi kapuloan iku ana wong 10.000
Rumpun basa Japonik
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3

Golongan cilik dhialèk-dhialèk Hachijo utawa Hachijōjima iku wujud basa Jepang kang paling mbédani. Sagolongan dhialèk iki dicaturaké ing iring kidul Kapuloan Izu ing wewengkon Tokyo, Pulo Hachijō lan Pulo Aogashima, dalah Kapuloan Daitō ing Préfèktur Okinawa. Kapuloan Daitō iku didunungi wong saka Pulo Hachijo nalika Jaman Méiji. Adhedhasar paugeran silih sumurup (mutual intelligibility), dhialèk-dhialèk Hachijo bisa ingaran basa Japonik kang kapisah saka basa Jepang.

Basa Hachijo isih nguri-uri ciri kuna saka basa Jepang Wétan, kaya kang kacathet ing serat Man'yōshū abad ping wolu. Basa iki uga ana irib-iriban lèksikal karo dhialèk-dhialèk Kyushu dalah basa-basa Ryukyu. Nanging, durung bisa diwatara apa iring kidul Kapuloan Izu uga didunungi wong-wong saka laladan iku, apa lèksikon kang sairib iku minangka tembung silihan kang digawa déning para mantrus kang ngambah kapuloan kidul, utawa apa lèksikon kang sairib iku minangka rètènsi swatantra saka basa Jepang Kuna.[1]

  1. Masayoshi Shibatani, 1990. The Languages of Japan

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne